TULADHA GEGURITAN
1. ode
yaiku
geguritan kang surasane babagan pangalembono marang wong liyo, negara, lan apa
dene kang dianggep luhur.
Pahlawanku
Wutahing
ludirmu
Nyiram
ibu pertiwi
Nadyan
sang ibu
Kudu
muwun sedhih
Karajang-rajang
manahe
Karujit-rujit
rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya
Gusti paring nugraha
Semana
gedhene bektimu
Jiwa
raga, bandha donya
Tanpa
sisa
Amung
siji pangajabmu
Merdika
2.
Kartini
(Geguritan.Com)
Kartini
…
Sapa
kang ora kenal panjenengan
Pahlawan
kang mbela kaum wanita
Pahlawan
kang berjuwang nentang paugeran walanda
Kartini
…
Sanajan
tinitah dadi priyayi
Duweni
trah bangsawan
Kartini
mbela emansipasi wanita
Mbela
rakyat jelata
Kartini
…
Wulan
April iki dadi seksi
Lelabuhanmu
kang misuwur tumrap bangsa Indonesia
Habis
Gelap Terbitlah Terang
Dadi
bukti masa perjuwangan
Kutha
Jepara dadi papan panggonan ngukir sejarah wanita
Kartini
…
Amarga
jasamu
Wanita
eropa lan wanita pribumi
Dadi
duweni hak kang padha
Duweni
hak pikantuk pendidikan
-post
in geguritan.com-
3.
Pahlawan
(Rono)
Pahlawan,
sliramu dadi dalan kemerdekaan
Tadah
awak ora wedi marang kematian
Nyowomu
kanggo pondasine kebebasan
Kanggo
rakyat saking cengkramane penindasan
Pahlawan,
awan bengi nantang maut
Ngalawan
misil misil kang semrawut
Kabeh
lawan koe ajak gelut
Ra
peduli najan awak podo benjut
Pahlawan,
semangatmu koyo geni
Ngobong
kabeh pasukane kompeni
Kanggo
njaga lemah kang ditresnani
Indonesia
merdeka, Indonesia di ormati
Pitulas
agustus taun papat lima
Opo
sing diimpike dadi nyata
Saiki
indonesia wes merdeka
Pahlawan,
perjuanganmu ra sia-sia
Indonesia
merdeka !!!
Indonesia
merdeka !!!
Kabeh
mergo perjuanganmu
Pahlawanku
-post
in masteguh.pun.bz-
4.
Wutah Getihku
(Mahardono
Wuryantoro)
Gumelar
jembar bumi asri
Sumunar
sumringah sunare bagaskara
Padhang
sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi
pusaka wus kawentar
Ombak-ombak
samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah
getihku daktresnani
Kawulamu….
Guyub
rukun anambut kardi
Jeroning
swasana tentrem lan mardika
Gilig
ing tekad manunggal
Cumithak
jeroning ati, bebarengan ambangun
Aku
lila….
Korban
jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan
awak ajur dadi sawur
Lan
getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet
raharjaning nagara
Lumantar
iki….
Isining
atiku ginurit
Prasetyaku
thukul saka ati kang tulus
Njaga
langgenging kamardikan
Donga
pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku
5.
Ki Hajar Dewantara
(Bisri
Nuryadi)
Ing
adheme hawa Walanda
Sira
panggah netepi setya
Nyawiji
ing ngilmu
Ngugemi
ing laku
Nyerat
ing saben-saben wektu
Nalika
ati krasa
krungu
swara jerite sedulur
Ing
lemah Pertiwi
Sira
gumregah greget
Bali
ing desa mijilmu
Nuswantara
Suwardi
suryaningrat
Kondhang
kanthi asma Ki Hajar Dewantara
Putra
kraton sugih bandha brana
Milih
dadi satriya lelana
Manunggal
sajroning rakyat jelata
Gugur
dadi pahlawan Negara
Minangka
Bapak Pendhidhikan Bangsa
2. Hymne
yaiku
geguritan kang surasane babagan pangalembono marang Gusti.
TAWAKAL
MARANG GUSTI
Ing
sepine wanci
Kakdeloke
rasa rasaning kawedenku marang panjenegan
Ati
lara tanpa upama
Eling
marang sakkabehing polahku
Gawe
maksiat lan dosa
Sarta
lelakon kang ala
Lelakon
kang tanpa suba sita
Marang
wong liya lan sapepadha
Duh
Gusti
Ing
rodane wektu
Nalika
tengah wengi
Kula
ngunjukaken dedonga marang Gusti ingkang murba ing dumadi
Gusti,
paringana kawelas-Mu
Kanggo
nuntun aku eling marang agama
Agama
kang dadi ageming aji
Agama
kang bisa dadi gegamaning ati
Contoh
Geguritan Tema Alam
Endahe
Alam
Yen
mandheng alam iki ..
Pikiran
susah dadi endah
Anggugah
semangat urip kangge jiwa iki
Ati
pun dadi sumringah lan bungah
Yen
ndeleng uwit ijo royo-royo
Awujud
ciptaan sing kuasa
Lan
kesucian sinar surya
Kanggo
padhange dunya iki
Puji
syukur matur nang Gusti Allah
Marang
kaendahan isine ing bumi
Sing
kudu dijaga lestariane
Tanpa
ngilangake kaendahane
Gusti..
Awan,
bengi, udan,panas..
Wis
kok paringke marang manungsa..
Namung..
Manungsa
dereng saged njaga lan asring kesupen ngucapke syukur..
Gusti..
Sampun akeh janji ingkang kula
blenjani
Akeh lelakon kula ingkang nglanggar
salira panjenengan
Akeh pangucap ingkang nglarani ati
Gusti..
Kula
nyuwun pangapunten
Kula
saestu nyesel
Kula
janji, kula mboten nglaliakke salira panjenengan
Kula
pengen saged terus ngucapke syukur dhateng panjenengan
Gusti..
Kula naming manungsa ingkang adoh
saking kasempurnan
Naming kula pengen dadi manungsa
ingkang taat lan setia marang panjenengan
Ingkang saged ngagemi lan njangkepi
panyuwun panjenengan
Sakniki lan saklami-laminipun..
23.
Gusti
(Intan
Nukhi Adhiya)
Gusti…
Dalem
namung tiyang kang lemah
Kang
boten saged mlampah piyambak
Gusti…
Dalem
namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah
kegoda kesenengan donya
Gusti…
Hamung
siji panyuwunku
Tuntun
dalem wonten ing margi kang padhang gusti
Duh
Gusti…
Bethara
Kala
kama
kang nglambrang nalika isih jenaka
saiki
ndedel gedhe dadi bethara kala
uluk
uluk jroning dadha winga winga
tanpa
suwara
kang
katon wicaksana kae jalaran
kokruket
pinangka kanca
kang
pinilih pinercaya
ngembani
panguwasa
wisa
rasa gula
kama
kang nglambrang saparan paran
dadi
memala nuwuhake pageblug
ndedel
mendhuwur comondhok dhada
keklambrangan
sirah
mlebu
metu mripat, irung saha kuping
ngawe
awe nglancipake kuku
kama
kang nglambrang saparan paran
ndedel
dadi bethara kala
ang
dadi memangsane
ora
ateges diklethak saraga balunge
Wayah
Magrib
Wancine
wis repet-repet peteng
Sang
surya sayah sedina muput madhangi jagad raya
Angin
sore kang biyasane midid sumilir sumene sawetara
Aweh
kurmat nyang sang bagaskara kang lagi ngaso
Swarane
bocah rame dolanan tan keprungu maneh
Mbarengi
swara bedhug masjid tengara mahgriban
Ujug-ujug
ana pawongan kang lakune setengah kesusu
Ngener
nyang omahe bu bidhan
Jarene
semahe arep babaran
Temenan
ora watara suwe keprungu cengere jabang bayi
Amin…
negarane tambah jiwa siji
Tegese
kebutuhane pawongan mau tambah
Jarene
iku titipane Gusti kang kudu dicukupi
Wiwit
saka susu, kasarasan, panggulawenthah nganti diwasa
Wigatine
maneh ing piyandele
Ing
tembene dadiya wong kang sholeh
Bedhug
Mahgrib wis ora ana suwarane
Umat
lanang wadon tuwa enom
Padha
sujud sangandhape pepadane Gusti
Bubar
Mahgrib kendhuren-manten
Dening
Pak Sastro wis diangen-angen
Dianam
ing batin sataun kepungkur
Jejere
bapa kang wajib miwaha dhaupe putra
Kang
kakudang-kudang ing tembene
Dadiya
tiyang ingkang mawadah lan solekhah
Saged
mikul dhuwur mendhem jero tiyang sepuh
Dumadakan
keprungu swara tangise jejeritan
Mbah
Soma kang wus yuswa sewidak
Katimbalan
ing Gusti ingkang akarya jagad
Inna
Lillahi Wainna Ilaihi Roji’un
Katampia
ngastane Gusti ingapura sedaya dosa lan kalepatane
Lelakone
jantraning Bawana
Manungsa
nora kuwagang ngendheg lakune takdir
Ing
wayah Mahgrib
Ana
kang lagi lahir kanggo ngiseni jagad raya
Ana
kang lagi palakrama
Ana
uga kang katimbalan ing ngarasane Gusti
Amin
3. Elegi
yaiku
geguritan kang surasane babagan panalongso.
Mamring
sepi
mamring
sempah
sumpeg peteng
kesel,
ah embuh
ora
weruh ngerti bisu
nangis
sajroning ngguyu
ngguyu
sajroning nangis
mlaku
sajroning mandheg
mandheg
sajroning mlaku
KEMBANG KUNING
Sajroning taman
Mung ana sepi
Sepi ing ati,sepi ing swasana
Bangku werna coklat tuwa meneng
Kembang kuning tansah anteng
Swara angin nambahi angleng
Kembang kuning
Endahmu merak ati
Apa kowe ngerti sepiku?
Tak tinggal ya?
Entenana !
Sesuk aku nyang taman iki
Aja lunga
Sajroning taman
Mung ana sepi
Sepi ing ati,sepi ing swasana
Bangku werna coklat tuwa meneng
Kembang kuning tansah anteng
Swara angin nambahi angleng
Kembang kuning
Endahmu merak ati
Apa kowe ngerti sepiku?
Tak tinggal ya?
Entenana !
Sesuk aku nyang taman iki
Aja lunga
4. Epigram
yaiku
geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai hidup kang becil
lan bener.
Pamulangan
Jare
simbah aku kudu sekolah
Kareben
dadi bocah genah mrenah ora nggladrah
Jare
rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben
dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat
Jare
bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah
ilmu
Kareben
kelakon kabeh kang tinuju
Nanging
prakanca,
….
coba
delengen kahanan nyata
apa
isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
pamulangan
kang tanpa tuladha
pamulangan
kang kasatan piwulang
pamulangan
kang ngajarake angka-angka wuta
siji
lan siji ana pira?
Jare
anut kang duwe kersa
Jan
ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
lali
dosa…
kabeh
lurung binarung kumalungkung
pamrih
pamuji siji
Pamulangan
ora aweh pepadang
Simbah,
Nyuwun
pangapunten
Kula
mboten kepingin dados dokter
Jalaran
duite bapak mboten wonten sakoper
Rama,
Nyadong
duka
Kulo
mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran
ajrih sumpahing rakyat
Kang
panggah mlarat sekarat
Bapak
ibu guru,
Nyuwun
donga pangestu
Mugi-mugi
sedaya ilmu saged dados sangu
PIWELING
Dening Sendang Mulyono
Aku
ngugemi ngendikanmu, Ibu
Nalika
arep budhal sekolah
Nyangking
tas kebak buku
Ngger,
jagad iki amba tebane
Aja
cilik ati
Kabes
bisa karengkuh
Kanthi
gelmu
Ngger
, ngendikane pujangga winasis
“Ngelmu iku, kalakone kanthi laku
Lekase
lawan kas
Tegese
kas ngantosani
Setiya
budya pangekesing durangkara”
Pancen
angel yen durung ketemu
Mula
aja pegat sinau
Dadia
wong pinter nanging
Aja
keminter lan keblinger
Dadia
wong sugih nanging
Aja
sumugih
Dadia
petinggi nanging
Aja
ngapusi lan korupsi
5. Satire
yaik
geguritan kang surasane ngenyek utawa ngece kanthi kasar lan landhep.
ONG JAWA
Dening : Suripan Sadi Hutomo
Wong Jawa aja jawal
Jawa jawal jawane kadhal
Apa sliramu Jawa, mitraku
Geneya kok ngiris atiku?
Ronggowarsito lan Aristoteles
Yasadipura lan Sokrates
Padhadene pujangga linuhung
Padhadene pujangga kang agung
Yen kok-semak buku filsafat
Yen kok-semak ilmu masarakat
Mung ana siji keblat
Kang ajine ora mekakat
Kang gawe ati nggrantes
Awit mung Aristoteles lan
Sokrates sinebut sinubya ukara
Rinoncen kembang maneka
O, Ronggowarsita
O, Yasadipura
Awit apa basa Jawa
Kang ora bisa diwaca?
Awit apa mung basa latin
Kang bisa nuntun batin
Wong Jawa aja jawal
Jawa jawal jawane kadhal
Apa sliramu Jawa, mitraku
Geneya kok ngiris atiku?
Kecubung ungu ing taman kutha
Iki kahanan kang nembe teka
Apa sliramu bakal wuda
Melu-melu angumbar dhadha?
Wiwawite lesmbadhonge
Tabik-tabik sunan kali
Kita ngadeg ing grumbul
srengenge
Kita wani ndhudhah ati
KORUPSI
Dening : Nini Klenyem
Jaman saiki kabeh wong wis
padha mangerti
Apa teges lan maknane tembung
korupsi
Ya kuwi nylingkuh …. ngunthet
…. nyolong dhuwit negari
Dadi nek ora duwe wewenang ya
ora bisa nglakoni
Digerba mesthi pendhuwur lan
panguwasa sing dha miwit
Pidak jempol krasa enak krasa
legi dadi numani
Tugas lirwa ning rina wengi
mung kuwi sing dipikiri
Delengen wetengmu nganti
mblendhuk miyi-miyi
Nek jare mikirke rakyat sing
mlarat kesrakat
Sing urip kulina cingkrang ning
ra tau sambat
Bon-bonane cendhek cengel,
utange sa arat-arat
Weteng kothong diganjel
singkong ben bisa gumlawat
Saiki mangan, sesuk embuh sing
diemplok kanggo pikuwat
He para pemimpin kowe kuwi
uripmu beja
Samubarang kari dhawuh ra tau
rekasa
Sing kok prentah anane mung
inggih lan sendika
Gajimu wis gedhe genea isih
srakah lan ngangsa
Dhuwit pajeg saka rakyat kuwi
ya bali nggo kawula
Aja padha kok korup kanggo
seneng lan nguja hawa
Apa ora isin yen konangan
jenengmu dadi kajuwara?
Neng TV rupamu disawangwong
sanegara
Komentare kawula “Galo sing
mbadhog dhuwit negara”
(Djaka Lodang No. 34/Th.XLII,
19 Januari 2013)
GUNEME SI DHADHAP LAN WARU
Dening : R. Bambang Nursinggih,
S.Sn.
Titen-titenan Kang Waru
Niteni bab apa Dhi Dhadhap
Bab janjine para politisi kang
nyidham lenggah kursi
Kepengin lenggah kursi we kok
ndadak nganggo janji ta Dhi
Sejatine sing diangkah dudu
kursine, nanging tunujangane
Hus, aja waton muwus Dhi,
mundhak kebentus
Apa pancen wis kinodrat pendhak
arep ganti pepimpin
Janji-janji pait madu ndlidir
nyangking iming-iming mathis
Githok mrinding, ati miris,
kasembir mingis-mingis kedaling lathi
Rina wengi girap-girap pindha
ancik-ancik pucuking eri
Ati wis kebacut jinja manising
janji
Senajan dilelithik mas picis
Tekad milih ora bakal kakikis
Milih kanthi tajeming batin
(Djaka Lodang No. 01/Th. XXXIX,
6 Juni 2009)
MANGAN AWAN
Dening : Sudi Yatmana
Asune The Sie Ing kae
Susu saliter ngombene
Daging rong ons lawuhe
Sega sapiring dicampur
vitamin-vitamin warna telu minangka sarapane
Kala-kala yen njegoge kurang
banter
Nyerege ora mak wer-wer
Nyatheke rada ngleler
Digawa numpak mobil
dipriksakake dokter
Disuntik antilelarane ing
gulune
Sing duwe nukokake obat-obat
sarta kabutuhane
Kuwi asu
Lha aku
Aku iki piranti cilik saka
peranganing pabrik
Manganku awan sega wungkusan
Tau kesereten kelelegen
kelingan anak njaluk dolanan
Tujune digawani ngombe dening
emboke
Botole diseselake ing rangsel
kumel
Kuwi bae bola-bali kancaku
nakokake
“kowe nggawa ngombe
Ngombemu isih
Aku njaluk sithik ya”
Ing wayah sore
Tenaga pikiran lan krenteg
Kabuntel dening rasa kesel
Kaya-kaya ora kober aweh
kawigaten
Marang anak bojo kulawarga
Srawung karo tangga kaya
kepeksa
Yen ana ngelu mulese
Digolekake bangsane temu
saanane
Dene siji kuwi ora tau lali:
dikeroki
Manganku awan sega wungkusan
Wungkusan kanugrahan:
Pangandel pangarep-arep lan
kawelasan
OH GOD, NEXT TIME BETTER
(25 Juli 2002)
DALANE WONG JAWA
Dening: Turiyo Ragilputra
Yen milih dalan iki, wong jawa
Aja lamis lamun micara
Aja waton bisa ngenggokake
ukara
Wong jawa duwe crita
Tembang lan tembung kebak
surasa
Ubenge jantra kebak sanepa
Wong jawa tanpa waja
Jawane jawa bandha
Wong jawa tanpa jiwa
Jawane jawa wisa
Wong jawa tanpa jawa
Jawane jawa buta
Dadi dewa ombenane anggur
ludira
Dadi raja klasa guling saka
arta
Dadi manggala yen pista balung manungsa
Suwung
Manuk emprit ilang swiwine
hamung menclok dhuwur wuwung
kang suwung
walang kayu jempalitan
ngerik ora karuwan
sajak ngece, sajak ngundhamana
“ sokur kowe, ora iso miber adoh,
nyepi panjangka, ilang dirgantara “
manuk emprit hamung meneng
klep ! klakep …….. ati nangis wutah miris
eluh kececeran nangis sesenggukan
nek emprit kelangan swiwi
ora isa miber, kelangan jagat dirgantarane
isane hamung menclok dhuwur wuwung
ndhepipis,ngenteni izrail,
sing bisa wae awujud tikus, apa kucing …….
walang kayu jempalitan, ngerik ora karuwan,
sajak ngece, sajak ngundhamana “ sokur kowe, ora isa miberadoh,
nyepi panjangka, ilang dirgantara “
hamung menclok dhuwur wuwung
kang suwung
walang kayu jempalitan
ngerik ora karuwan
sajak ngece, sajak ngundhamana
“ sokur kowe, ora iso miber adoh,
nyepi panjangka, ilang dirgantara “
manuk emprit hamung meneng
klep ! klakep …….. ati nangis wutah miris
eluh kececeran nangis sesenggukan
nek emprit kelangan swiwi
ora isa miber, kelangan jagat dirgantarane
isane hamung menclok dhuwur wuwung
ndhepipis,ngenteni izrail,
sing bisa wae awujud tikus, apa kucing …….
walang kayu jempalitan, ngerik ora karuwan,
sajak ngece, sajak ngundhamana “ sokur kowe, ora isa miberadoh,
nyepi panjangka, ilang dirgantara “
6. Romansa
yaiku
geguritan kang surasane babagan katresnan.
Kembang
Wengi si Kembang Bangah
Sliramu
kuwi pancen ayu enom tur endah
Senengmu
ngreridhu ngobral esem kanthi ulat sumringah
Eman,
ayumu kuwi kena tinuku murah
Ing
atising wengi sliramu ora wegah jumangkah
Sineksen
abyoring kartika kedhep nrithil sajak bungah
Mbok
gurit lelakon ireng ing sadhengah dhadhah
Soroh
angga liniron redana sliramu pasrah
Mustika
aji wis lawas oncat saka ragamu sing wantah
Ing
buntasing wengi anggamu katon sayah…lungkrah…
He
kembang bangah, pumpung durung kasep lerena
Tumindakmu
sing nistha kuwi uwisana
Galo
isih akeh pakaryan sing utama, golekana
Apa
kowe ora krungu para sujana sarjana sadonya
Gumedher
umyung gumregut arep padha bareng mbrastha
Pakaryamu
kuwi sing dadi ngrembakaning kruma
Virus
AID candhala sing durung ketemu tambane kanggo usada
Uga
sumandhing ngaglah ing iringmu si raja singa
Yen
wis tumanduk ing awakmu kowe ra bisa bangga
Oh
esemmu sayah… eseme si kembang bangah
KATRESNAN
(Muhamad
Hanung)
Teka
terang sawise udan
Srengenge
sore kang padang jembrang
Akeh
warna nag awan-awan
Angin
sumilir samubarang
Gawe
aku dadi kelingan
Dudu
barang nanging kepenginan
Marang
cah ayu kang wis sue aku tresnani
Sering
aku mandheng slirahe kang putih bening
Mripate
kangdene kaca cermin
Penampilane
sopan ora feminim
Eseme
kang legi
Nanging
aku ora wani
Njembar
rasa kang ana ning ati
Amarga
cah ayu kae wis duwe cinta sejati
SEPI
iki
sepine sopo?
kathik
ono sepi sepo….
langit
peteng kagubeng dening mendung….
tanpa
angin tanpa wicara…
tanpa
lagon tanpa gending…
yen
sliramu isih rumongso tresno
gunemu
bakal dak anti…
nadyan
getir rasaning ati….
sepi….
iki
sepine sopo
kathik
ono sepi sepo…
6.
Tresna
(Erlita
Fajrani)
Tresna
kuwi sepele
Tresna
kuwi ya kowe karo aku
Tresnamu
kaya surya
Nanging
ya kaya samudra
Tresnamu
bisa nekakake mega
Nanging
saiki tresnamu kaya dahana
Awit
aku mbok tinggalna
Langit
data peteng
Ora
ana candra apa maneh kartika
Atiku
kaya bawana sing lemahe nela-nela
Maruta,
kandhakna yen aku isih tresna
-post
in geguritan.com-
17.
Sing Ilang Ben Ilang
(Iswahyudi)
Saupamane
ngerti isine atiku…
Ra
bakalan kowe ngilang
Kaya
pedhut kang kasaput srengenge
Kaya
bun netes siya-siya ing lemah garing
Nambah
eluhku nelesi pipiku…
Kabeh
wus ora kena digetuni,
Sebab
jodho rejeki lan pati…
Wis
digarisake dening Gusti Kang Maha Kuwasa
Sing
ilang ben ilang…
Ra
bakal dak gayuh maneh
Cukup
sakmene kanggo riwayat
Kanggo
sasine lelakon urip,
kowe
lan aku kudu nrima legawa
-post
in geguritan.com-
18.
Jodhoku
(Zahrotun
Nurul Fatmi)
Sliramu
sing saiki tak tresnani
Apa
ya sliramu…?
Sing
arep ngerteni aku salawase
Apa
ya sliramu?
Sing
arep njaga aku salawase
Apa
ya sliramu?
Sing
arep nuntun aku marang dalan kang becik
Apa
ya sliramu?
Sing
arep melu ngrasakake bungah lan rekasaku
Apa
ya sliramu?
Sing
sesuk arep dadi kanca uripku
Dhuh
Gusti
Paringana
pitedah kanggo aku
Apa
iya iki jodhoku?
-post
in geguritan.com-
19.
Tandha Katresnan Ku
(Arya
Esa Mahadewa)
Wiwit
kok tulisake tresna iku
Manuk-manuk
kepodang padha geguyonan
Ing
pang-pang godhonge waru
Ijo
enom lelagone langit biru
Srengenge
isuk kang mlethek ing ati sumunar
Martakake
dhina bakal ora kamendungan
Wiwit
kok kandhak’ake tresna iku
Liwat
kali dhak kintirake prau godhong pring
Amrih
bisa lelayaran aneng segaranining atimu
Apepayon
langit ing pucuking alun
Banjur
dak tunggu tekane nggawa warta
Wiwit
kok kidhungake tresna iku
Apa
aku kudu lumaku sadhuwure angin lan segara
Njupuk
kembang srengenge kang mlethek
Banjur
dak slempitake ing kupingmu
Kareben
nambahi brantaning ati
Sanjerone
ati iki,Yayi
Ana
panandhang,kirane mung kowe kang bisa mangerteni
Liwat
getering angin kang sumilir
Sadawaning
laku lan sepi tak ceritakake
Yen
ta… samengko bakal NYAWIJI.
-post
in esamahadewa.blogspot.co.id-
20.
Aku Duwekmu Wengi Iki
(Isnaini
D. Pramusinta)
Lumakuku
kaya ngawang
Ngawang-ngawang
nggayuh lintang
Mecaki
dalan kasusahan
Apa
Sejatine?
Kang
ngganjel ing njero manahmu?
Tegese
luh kang tumetes ing pipimu
Nglebur
nyawiji ing swasana
Kang
sejatine durung bisa gawe aku lan sliramu
Mesem
bebarengan
Crita
marang aku
Senajan
ora mesthi bisa mungkasi
Lilakna
aku andum donyamu
Kang
kebak dening kaendahan
Sing
durung kasunyatan
Aku
duwekmu wengi iki
Iki
ragaku
Iki
sukmaku
Aku
lila disiksa
Nganti
ora ana sisa
7. Balada
yaiku
geguritan kang surasane babagan cerita utawa lakn kang nyoto utawa mung
lamunane pujangga.
Segara
Ayu
Bener,
pener, yekti
Sliramu
dadi seksi
Seksi
pahlawan sejati
Pahlawan
mulih aran awit bekti
Awit
mangku jejibahan
Tugas
luhur, jujur ing palagan
Ngemban
amanat Trikora ayahan
Segara
Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu
madu
Maduning
bangsa satuhu
Kang
Asma Yos Sudarso iku
Korban
jiwa raga ing Segara Aru
Ludira
kang wekasan
Kanggo
nebus Irian
Yos
Sudarso gugur kalayan
Asmanya
misuwur ing bebrayan
Sliramu
Aru
Seksi
lugu
Seksi
bisu
Satuhu
baku
JAMAN
KOMPUTER
jamane
wis sarwa komputer
akeh
wong padha keblinger
rodha
becakmu tetep munyer
sarapan
sega pecel
jamana
wis sarwa mal plaza
uripmu
panggah nguler kembang
gethuk
tela pendhak rina
jamane
wis sarwa supermarket
ing
desamu pasar pendhak kliwon
dol
tinuku nyang-nyangan kaya padudon
golek
bati sarepis adus kringet
jamane
wis sarwa satelit
pacul
arit panggah nggegurit
nggo
ngrabuki jagad alit
jamane
wis sarwa edan
lanang
ilang jalere
wadon
ilang wanitane
Merapi
(Puthu
Aryana)
Merapi...
Saka
kadohan katon gagah
Asep
putih ndedel ing awiyat
Tilas
dalan lahar katon cetha
Kena
sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama
kowe bisa cerita
Kabeh
kedadean ing tanah jawa
Wiwit
jaman Mataram Kuna
Nganti
madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu
anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit
nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman
mardika jaman Soekarno
Nganti
jaman Soeharto
Jaman
Habibie gumekaning Megawati lan Susilo
Merapi
dadi saksi
Taktunggu tekamu
Saben dina ing omahku
Kabar kang daktunggu
Saka awakmu
Nambahi wawasanku
Mosak-masike donya
Maju mundure negara
Minangka warta
Koran minangka alat komunikasi
Kang kudu diwerdi
Mula ora ketinggalan informasi
3. Tema Kembang Mlathi
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes… tes… netesi bumi
Aku rumangsa dosa
Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
ON GARING
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara
gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning
ati.