TULADHA GEGURITAN


1. ode
yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang wong liyo, negara, lan apa dene kang dianggep luhur.



Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

2. Kartini
(Geguritan.Com)

Kartini …
Sapa kang ora kenal panjenengan
Pahlawan kang mbela kaum wanita
Pahlawan kang berjuwang nentang paugeran walanda

Kartini …
Sanajan tinitah dadi priyayi
Duweni trah bangsawan
Kartini mbela emansipasi wanita
Mbela rakyat jelata

Kartini …
Wulan April iki dadi seksi
Lelabuhanmu kang misuwur tumrap bangsa Indonesia
Habis Gelap Terbitlah Terang
Dadi bukti masa perjuwangan
Kutha Jepara dadi papan panggonan ngukir sejarah wanita

Kartini …
Amarga jasamu

Wanita eropa lan wanita pribumi
Dadi duweni hak kang padha
Duweni hak pikantuk pendidikan
-post in geguritan.com-

3. Pahlawan
(Rono)

Pahlawan, sliramu dadi dalan kemerdekaan
Tadah awak ora wedi marang kematian
Nyowomu kanggo pondasine kebebasan
Kanggo rakyat saking cengkramane penindasan

Pahlawan, awan bengi nantang maut
Ngalawan misil misil kang semrawut
Kabeh lawan koe ajak gelut
Ra peduli najan awak podo benjut

Pahlawan, semangatmu koyo geni
Ngobong kabeh pasukane kompeni
Kanggo njaga lemah kang ditresnani
Indonesia merdeka, Indonesia di ormati

Pitulas agustus taun papat lima
Opo sing diimpike dadi nyata
Saiki indonesia wes merdeka
Pahlawan, perjuanganmu ra sia-sia

Indonesia merdeka !!!
Indonesia merdeka !!!
Kabeh mergo perjuanganmu
Pahlawanku
-post in masteguh.pun.bz-

4. Wutah Getihku
(Mahardono Wuryantoro)

Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku daktresnani

Kawulamu….
Guyub rukun anambut kardi
Jeroning swasana tentrem lan mardika
Gilig ing tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun

Aku lila….
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyan awak ajur dadi sawur
Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara

Lumantar iki….
Isining atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgenging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku

5. Ki Hajar Dewantara
(Bisri Nuryadi)

Ing adheme hawa Walanda
Sira panggah netepi setya
Nyawiji ing ngilmu
Ngugemi ing laku
Nyerat ing saben-saben wektu

Nalika ati krasa
krungu swara jerite sedulur
Ing lemah Pertiwi
Sira gumregah greget
Bali ing desa mijilmu
Nuswantara

Suwardi suryaningrat
Kondhang kanthi asma Ki Hajar Dewantara
Putra kraton sugih bandha brana
Milih dadi satriya lelana
Manunggal sajroning rakyat jelata
Gugur dadi pahlawan Negara
Minangka Bapak Pendhidhikan Bangsa

2. Hymne
yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang Gusti.

TAWAKAL MARANG GUSTI

Ing sepine wanci
Kakdeloke rasa rasaning kawedenku marang panjenegan
Ati lara tanpa upama
Eling marang sakkabehing polahku

Gawe maksiat lan dosa
Sarta lelakon kang ala
Lelakon kang tanpa suba sita
Marang wong liya lan sapepadha

Duh Gusti
Ing rodane wektu
Nalika tengah wengi
Kula ngunjukaken dedonga marang Gusti ingkang murba ing dumadi

Gusti, paringana kawelas-Mu
Kanggo nuntun aku eling marang agama
Agama kang dadi ageming aji
Agama kang bisa dadi gegamaning ati

Contoh Geguritan Tema Alam
Endahe Alam

Yen mandheng alam iki ..
Pikiran susah dadi endah
Anggugah semangat urip kangge jiwa iki
Ati pun dadi sumringah lan bungah
Yen ndeleng uwit ijo royo-royo
Awujud ciptaan sing kuasa

Lan kesucian sinar surya
Kanggo padhange dunya iki
Puji syukur matur nang Gusti Allah
Marang kaendahan isine ing bumi
Sing kudu dijaga lestariane
Tanpa ngilangake kaendahane

Gusti..
Awan, bengi, udan,panas..
Wis kok paringke marang manungsa..
Namung..
Manungsa dereng saged njaga lan asring kesupen ngucapke syukur..
            Gusti..
            Sampun akeh janji ingkang kula blenjani
            Akeh lelakon kula ingkang nglanggar salira panjenengan
            Akeh pangucap ingkang nglarani ati
Gusti..
Kula nyuwun pangapunten
Kula saestu nyesel
Kula janji, kula mboten nglaliakke salira panjenengan
Kula pengen saged terus ngucapke syukur dhateng panjenengan
            Gusti..
            Kula naming manungsa ingkang adoh saking kasempurnan
            Naming kula pengen dadi manungsa ingkang taat lan setia marang panjenengan
            Ingkang saged ngagemi lan njangkepi panyuwun panjenengan
            Sakniki lan saklami-laminipun..

23. Gusti
(Intan Nukhi Adhiya)

Gusti…
Dalem namung tiyang kang lemah
Kang boten saged mlampah piyambak
Gusti…
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan donya
Gusti…
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti
Duh Gusti…

Bethara Kala

kama kang nglambrang nalika isih jenaka
saiki ndedel gedhe dadi bethara kala
uluk uluk jroning dadha winga winga
tanpa suwara

kang katon wicaksana kae jalaran
kokruket pinangka kanca
kang pinilih pinercaya
ngembani panguwasa
wisa rasa gula

kama kang nglambrang saparan paran
dadi memala nuwuhake pageblug
ndedel mendhuwur comondhok dhada
keklambrangan sirah
mlebu metu mripat, irung saha kuping
ngawe awe nglancipake kuku

kama kang nglambrang saparan paran
ndedel dadi bethara kala
ang dadi memangsane
ora ateges diklethak saraga balunge

Wayah Magrib

Wancine wis repet-repet peteng
Sang surya sayah sedina muput madhangi jagad raya
Angin sore kang biyasane midid sumilir sumene sawetara
Aweh kurmat nyang sang bagaskara kang lagi ngaso
Swarane bocah rame dolanan tan keprungu maneh
Mbarengi swara bedhug masjid tengara mahgriban

Ujug-ujug ana pawongan kang lakune setengah kesusu
Ngener nyang omahe bu bidhan
Jarene semahe arep babaran
Temenan ora watara suwe keprungu cengere jabang bayi
Amin… negarane tambah jiwa siji
Tegese kebutuhane pawongan mau tambah

Jarene iku titipane Gusti kang kudu dicukupi
Wiwit saka susu, kasarasan, panggulawenthah nganti diwasa
Wigatine maneh ing piyandele
Ing tembene dadiya wong kang sholeh
Bedhug Mahgrib wis ora ana suwarane
Umat lanang wadon tuwa enom
Padha sujud sangandhape pepadane Gusti

Bubar Mahgrib kendhuren-manten
Dening Pak Sastro wis diangen-angen
Dianam ing batin sataun kepungkur
Jejere bapa kang wajib miwaha dhaupe putra
Kang kakudang-kudang ing tembene
Dadiya tiyang ingkang mawadah lan solekhah
Saged mikul dhuwur mendhem jero tiyang sepuh

Dumadakan keprungu swara tangise jejeritan
Mbah Soma kang wus yuswa sewidak
Katimbalan ing Gusti ingkang akarya jagad
Inna Lillahi Wainna Ilaihi Roji’un
Katampia ngastane Gusti ingapura sedaya dosa lan kalepatane

Lelakone jantraning Bawana
Manungsa nora kuwagang ngendheg lakune takdir
Ing wayah Mahgrib
Ana kang lagi lahir kanggo ngiseni jagad raya
Ana kang lagi palakrama
Ana uga kang katimbalan ing ngarasane Gusti
Amin


3. Elegi
yaiku geguritan kang surasane babagan panalongso.

Mamring

sepi mamring
sempah sumpeg peteng
kesel, ah embuh
ora weruh ngerti bisu
nangis sajroning ngguyu
ngguyu sajroning nangis
mlaku sajroning mandheg
mandheg sajroning mlaku

KEMBANG KUNING

Sajroning taman
Mung ana sepi
Sepi ing ati,sepi ing swasana
Bangku werna coklat tuwa meneng
Kembang kuning tansah anteng
Swara angin nambahi angleng
Kembang kuning
Endahmu merak ati
Apa kowe ngerti sepiku?
Tak tinggal ya?
Entenana !
Sesuk aku nyang taman iki
Aja lunga


4. Epigram
yaiku geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai hidup kang becil lan bener.
Pamulangan

Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah

Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat

Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju

Nanging
prakanca, ….

coba delengen kahanan nyata
apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
pamulangan kang tanpa tuladha
pamulangan kang kasatan piwulang
pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
lali dosa…
kabeh lurung binarung kumalungkung
pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadang
Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper

Rama,
Nyadong duka
Kulo mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat

Bapak ibu guru,
Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu

PIWELING

Dening  Sendang Mulyono

Aku ngugemi ngendikanmu, Ibu

Nalika arep budhal sekolah

Nyangking tas kebak buku

Ngger, jagad iki amba  tebane

Aja cilik ati

Kabes bisa karengkuh

Kanthi gelmu

Ngger , ngendikane pujangga winasis

“Ngelmu  iku, kalakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas ngantosani

Setiya budya pangekesing  durangkara”

Pancen angel yen durung ketemu

Mula aja pegat sinau

Dadia wong pinter nanging

Aja keminter lan keblinger

Dadia wong sugih nanging

Aja sumugih

Dadia petinggi nanging

Aja ngapusi lan korupsi

5. Satire
yaik geguritan kang surasane ngenyek utawa ngece kanthi kasar lan landhep.

ONG JAWA
Dening : Suripan Sadi Hutomo


Wong Jawa aja jawal
Jawa jawal jawane kadhal
Apa sliramu Jawa, mitraku
Geneya kok ngiris atiku?
Ronggowarsito lan Aristoteles
Yasadipura lan Sokrates
Padhadene pujangga linuhung
Padhadene pujangga kang agung
Yen kok-semak buku filsafat
Yen kok-semak ilmu masarakat
Mung ana siji keblat
Kang ajine ora mekakat
Kang gawe ati nggrantes
Awit mung Aristoteles lan Sokrates sinebut sinubya ukara
Rinoncen kembang maneka
O, Ronggowarsita
O, Yasadipura
Awit apa basa Jawa
Kang ora bisa diwaca?
Awit apa mung basa latin
Kang bisa nuntun batin
Wong Jawa aja jawal
Jawa jawal jawane kadhal
Apa sliramu Jawa, mitraku
Geneya kok ngiris atiku?
Kecubung ungu ing taman kutha
Iki kahanan kang nembe teka
Apa sliramu bakal wuda
Melu-melu angumbar dhadha?
Wiwawite lesmbadhonge
Tabik-tabik sunan kali
Kita ngadeg ing grumbul srengenge
Kita wani ndhudhah ati



KORUPSI
Dening : Nini Klenyem

Jaman saiki kabeh wong wis padha mangerti
Apa teges lan maknane tembung korupsi
Ya kuwi nylingkuh …. ngunthet …. nyolong dhuwit negari
Dadi nek ora duwe wewenang ya ora bisa nglakoni
Digerba mesthi pendhuwur lan panguwasa sing dha miwit
Pidak jempol krasa enak krasa legi dadi numani
Tugas lirwa ning rina wengi mung kuwi sing dipikiri
Delengen wetengmu nganti mblendhuk miyi-miyi

Nek jare mikirke rakyat sing mlarat kesrakat
Sing urip kulina cingkrang ning ra tau sambat
Bon-bonane cendhek cengel, utange sa arat-arat
Weteng kothong diganjel singkong ben bisa gumlawat
Saiki mangan, sesuk embuh sing diemplok kanggo pikuwat
He para pemimpin kowe kuwi uripmu beja
Samubarang kari dhawuh ra tau rekasa
Sing kok prentah anane mung inggih lan sendika
Gajimu wis gedhe genea isih srakah lan ngangsa
Dhuwit pajeg saka rakyat kuwi ya bali nggo kawula
Aja padha kok korup kanggo seneng lan nguja hawa
Apa ora isin yen konangan jenengmu dadi kajuwara?
Neng TV rupamu disawangwong sanegara
Komentare kawula “Galo sing mbadhog dhuwit negara”
(Djaka Lodang No. 34/Th.XLII, 19 Januari 2013)

GUNEME SI DHADHAP LAN WARU
Dening : R. Bambang Nursinggih, S.Sn.

Titen-titenan Kang Waru
Niteni bab apa Dhi Dhadhap
Bab janjine para politisi kang nyidham lenggah kursi
Kepengin lenggah kursi we kok ndadak nganggo janji ta Dhi
Sejatine sing diangkah dudu kursine, nanging tunujangane
Hus, aja waton muwus Dhi, mundhak kebentus

Apa pancen wis kinodrat pendhak arep ganti pepimpin
Janji-janji pait madu ndlidir nyangking iming-iming mathis
Githok mrinding, ati miris, kasembir mingis-mingis kedaling lathi
Rina wengi girap-girap pindha ancik-ancik pucuking eri

Ati wis kebacut jinja manising janji
Senajan dilelithik mas picis
Tekad milih ora bakal kakikis
Milih kanthi tajeming batin
(Djaka Lodang No. 01/Th. XXXIX, 6 Juni 2009)



MANGAN AWAN
Dening : Sudi Yatmana

Asune The Sie Ing kae
Susu saliter ngombene
Daging rong ons lawuhe
Sega sapiring dicampur vitamin-vitamin warna telu minangka sarapane

Kala-kala yen njegoge kurang banter
Nyerege ora mak wer-wer
Nyatheke rada ngleler
Digawa numpak mobil dipriksakake dokter
Disuntik antilelarane ing gulune
Sing duwe nukokake obat-obat sarta kabutuhane

Kuwi asu
Lha aku

Aku iki piranti cilik saka peranganing pabrik
Manganku awan sega wungkusan
Tau kesereten kelelegen kelingan anak njaluk dolanan
Tujune digawani ngombe dening emboke
Botole diseselake ing rangsel kumel
Kuwi bae bola-bali kancaku nakokake
“kowe nggawa ngombe
Ngombemu isih
Aku njaluk sithik ya”

Ing wayah sore
Tenaga pikiran lan krenteg
Kabuntel dening rasa kesel

Kaya-kaya ora kober aweh kawigaten
Marang anak bojo kulawarga
Srawung karo tangga kaya kepeksa

Yen ana ngelu mulese
Digolekake bangsane temu saanane
Dene siji kuwi ora tau lali: dikeroki

Manganku awan sega wungkusan
Wungkusan kanugrahan:
Pangandel pangarep-arep lan kawelasan
OH GOD, NEXT TIME BETTER
(25 Juli 2002)

DALANE WONG JAWA
Dening: Turiyo Ragilputra


Yen milih dalan iki, wong jawa
Aja lamis lamun micara
Aja waton bisa ngenggokake ukara
Wong jawa duwe crita
Tembang lan tembung kebak surasa
Ubenge jantra kebak sanepa
Wong jawa tanpa waja
Jawane jawa bandha
Wong jawa tanpa jiwa
Jawane jawa wisa
Wong jawa tanpa jawa
Jawane jawa buta
Dadi dewa ombenane anggur ludira
Dadi raja klasa guling saka arta
Dadi manggala yen pista balung manungsa

Suwung
Manuk emprit ilang swiwine
hamung menclok dhuwur wuwung
kang suwung
walang kayu jempalitan
ngerik ora karuwan
sajak ngece, sajak ngundhamana
“ sokur kowe, ora iso miber adoh,
nyepi panjangka, ilang dirgantara “
manuk emprit hamung meneng
klep ! klakep …….. ati nangis wutah miris
eluh kececeran nangis sesenggukan
nek emprit kelangan swiwi
ora isa miber, kelangan jagat dirgantarane
isane hamung menclok dhuwur wuwung
ndhepipis,ngenteni izrail,
sing bisa wae awujud tikus, apa kucing …….
walang kayu jempalitan, ngerik ora karuwan,
sajak ngece, sajak ngundhamana “ sokur kowe, ora isa miberadoh,
nyepi panjangka, ilang dirgantara “

6. Romansa
yaiku geguritan kang surasane babagan katresnan.

Kembang Wengi si Kembang Bangah

Sliramu kuwi pancen ayu enom tur endah
Senengmu ngreridhu ngobral esem kanthi ulat sumringah
Eman, ayumu kuwi kena tinuku murah
Ing atising wengi sliramu ora wegah jumangkah
Sineksen abyoring kartika kedhep nrithil sajak bungah
Mbok gurit lelakon ireng ing sadhengah dhadhah
Soroh angga liniron redana sliramu pasrah
Mustika aji wis lawas oncat saka ragamu sing wantah
Ing buntasing wengi anggamu katon sayah…lungkrah…

He kembang bangah, pumpung durung kasep lerena
Tumindakmu sing nistha kuwi uwisana
Galo isih akeh pakaryan sing utama, golekana
Apa kowe ora krungu para sujana sarjana sadonya
Gumedher umyung gumregut arep padha bareng mbrastha
Pakaryamu kuwi sing dadi ngrembakaning kruma
Virus AID candhala sing durung ketemu tambane kanggo usada
Uga sumandhing ngaglah ing iringmu si raja singa
Yen wis tumanduk ing awakmu kowe ra bisa bangga
Oh esemmu sayah… eseme si kembang bangah

KATRESNAN
(Muhamad Hanung)

Teka terang sawise udan
Srengenge sore kang padang jembrang
Akeh warna nag awan-awan
Angin sumilir samubarang
Gawe aku dadi kelingan
Dudu barang nanging kepenginan
Marang cah ayu kang wis sue aku tresnani
Sering aku mandheng slirahe kang putih bening
Mripate kangdene kaca cermin
Penampilane sopan ora feminim
Eseme kang legi
Nanging aku ora wani
Njembar rasa kang ana ning ati
Amarga cah ayu kae wis duwe cinta sejati
SEPI

iki sepine sopo?
kathik ono sepi sepo….

langit peteng kagubeng dening mendung….
tanpa angin tanpa wicara…
tanpa lagon tanpa gending…

yen sliramu isih rumongso tresno
gunemu bakal dak anti…
nadyan getir rasaning ati….

sepi….
iki sepine sopo
kathik ono sepi sepo…

6. Tresna
(Erlita Fajrani)

Tresna kuwi sepele
Tresna kuwi ya kowe karo aku
Tresnamu kaya surya
Nanging ya kaya samudra
Tresnamu bisa nekakake mega
Nanging saiki tresnamu kaya dahana
Awit aku mbok tinggalna
Langit data peteng
Ora ana candra apa maneh kartika
Atiku kaya bawana sing lemahe nela-nela
Maruta, kandhakna yen aku isih tresna
-post in geguritan.com-

17. Sing Ilang Ben Ilang
(Iswahyudi)

Saupamane ngerti isine atiku…
Ra bakalan kowe ngilang
Kaya pedhut kang kasaput srengenge
Kaya bun netes siya-siya ing lemah garing
Nambah eluhku nelesi pipiku…
Kabeh wus ora kena digetuni,
Sebab jodho rejeki lan pati…
Wis digarisake dening Gusti Kang Maha Kuwasa
Sing ilang ben ilang…
Ra bakal dak gayuh maneh
Cukup sakmene kanggo riwayat
Kanggo sasine lelakon urip,
kowe lan aku kudu nrima legawa
-post in geguritan.com-

18. Jodhoku
(Zahrotun Nurul Fatmi)

Sliramu sing saiki tak tresnani
Apa ya sliramu…?
Sing arep ngerteni aku salawase
Apa ya sliramu?
Sing arep njaga aku salawase
Apa ya sliramu?
Sing arep nuntun aku marang dalan kang becik
Apa ya sliramu?
Sing arep melu ngrasakake bungah lan rekasaku
Apa ya sliramu?
Sing sesuk arep dadi kanca uripku
Dhuh Gusti
Paringana pitedah kanggo aku
Apa iya iki jodhoku?
-post in geguritan.com-

19. Tandha Katresnan Ku
(Arya Esa Mahadewa)

Wiwit kok tulisake tresna iku
Manuk-manuk kepodang padha geguyonan
Ing pang-pang godhonge waru
Ijo enom lelagone langit biru
Srengenge isuk kang mlethek ing ati sumunar
Martakake dhina bakal ora kamendungan

Wiwit kok kandhak’ake tresna iku
Liwat kali dhak kintirake prau godhong pring
Amrih bisa lelayaran aneng segaranining atimu
Apepayon langit ing pucuking alun
Banjur dak tunggu tekane nggawa warta

Wiwit kok kidhungake tresna iku
Apa aku kudu lumaku sadhuwure angin lan segara
Njupuk kembang srengenge kang mlethek
Banjur dak slempitake ing kupingmu
Kareben nambahi brantaning ati

Sanjerone ati iki,Yayi
Ana panandhang,kirane mung kowe kang bisa mangerteni
Liwat getering angin kang sumilir
Sadawaning laku lan sepi tak ceritakake

Yen ta… samengko bakal NYAWIJI.
-post in esamahadewa.blogspot.co.id-

20. Aku Duwekmu Wengi Iki
(Isnaini D. Pramusinta)

Lumakuku kaya ngawang
Ngawang-ngawang nggayuh lintang
Mecaki dalan kasusahan

Apa Sejatine?
Kang ngganjel ing njero manahmu?

Tegese luh kang tumetes ing pipimu
Nglebur nyawiji ing swasana
Kang sejatine durung bisa gawe aku lan sliramu
Mesem bebarengan
Crita marang aku

Senajan ora mesthi bisa mungkasi
Lilakna aku andum donyamu
Kang kebak dening kaendahan
Sing durung kasunyatan

Aku duwekmu wengi iki
Iki ragaku
Iki sukmaku
Aku lila disiksa
Nganti ora ana sisa
7. Balada
yaiku geguritan kang surasane babagan cerita utawa lakn kang nyoto utawa mung lamunane   pujangga.

Segara Ayu

Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti

Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan

Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru

Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan

Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku

JAMAN KOMPUTER

jamane wis sarwa komputer
akeh wong padha keblinger

rodha becakmu tetep munyer
sarapan sega pecel

jamana wis sarwa mal plaza
uripmu panggah nguler kembang
gethuk tela pendhak rina

jamane wis sarwa supermarket
ing desamu pasar pendhak kliwon
dol tinuku nyang-nyangan kaya padudon
golek bati sarepis adus kringet

jamane wis sarwa satelit
pacul arit panggah nggegurit
nggo ngrabuki jagad alit

jamane wis sarwa edan
lanang ilang jalere
wadon ilang wanitane

Merapi
(Puthu Aryana)

Merapi...
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi...
Saumpama kowe bisa cerita
Kabeh kedadean ing tanah jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi...
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie gumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi


Taktunggu tekamu
Saben dina ing omahku
Kabar kang daktunggu
Saka awakmu
Nambahi wawasanku
Mosak-masike donya
Maju mundure negara
Minangka warta
Koran minangka alat komunikasi
Kang kudu diwerdi
Mula ora ketinggalan informasi



3. Tema Kembang Mlathi

Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes… tes… netesi bumi
Aku rumangsa dosa

Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci

ON GARING

Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu

panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.


- Copyright © 2013 ZON ISLAND - Ore no Imouto - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -