Posted by : Ivcinici April 06, 2019



Batik Jlamprang

Motif batik jlamprang dipunpitados lan diakui dening pengamat motif batik, dados motif asli Pekalongan. S.K Sewan Santoso, S. Tulisan ingdalem buku Seni Kerajinan Batik Indonesia kang diterbitke Balai Penelitian Batik dan Kerajinan , Lembaga Penelitian dan Pendidikan Industri, Departemen Perindustrian RI (1973), ngendika menawi motif Jlamprang ing Pekalongan dipengaruhi dening Islam. Tegese, motif punika lair saking perajin batik pekalongan keturunan arab ingkang gadhah agami islam. Islam nglarang nggambar kewan utawi manungsa ingdalem kain batik utawi lukisan dadosipun para perajin batik pekalongan gadhah ide kreatif yaiku kanthi damel motif batik pekalongan kanthi cara geometris kaliyan cara nitik ing motif batik jlamprang.

Dr. Kusnin Asa gadhah pamikiran liya menawi motif batik Jlamprang yaiku sawijining bentuk motif ingkang kosmologis kanthi dadosaken satunggaling pola ceplokan ingdalem bentuk lung-lungan uga kembang padma ingkang duweni makna babagan peran donya kosmis ingkang datheng saking agami Buddha lan Hindu  ing tanah Jawa. Pola ceplokan ing motif kang distilirasi dados bentuk kang luwih dekoratif nunjukkaken menawi corak menika sawijining peninggalan saking masa prasejarah kang salajengipun dados warisan agami Hindu uga Buddha.



Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © 2013 ZON ISLAND - Ore no Imouto - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -